logo

Bok Tok Kang Utama

  • Supoharsono


Lirik

Kapi Adreng Rasane Kang Ati
Rasa Ingkang Tanpa Upama
Nganti Kumendel Ing Pikire
Yo Kanca Yo Mitra!
Nurut Boktok Kang Utama
E Enggal Tindakna Jo Disepelekna

Sapandurat Hamba Bangun
Larasing Tyas Kang Nuju Kapti
Sakala Sirnaning Duka
Karana Sawusnya Teguh
Buka Pepetenging Nala

Sukuring Tyas Mba Muji Mring Ywang Widi
Panginugah Mring Khongcu Mulya

Kang Sawusnya Hamba Mangerteni
Wawarahing Nabi Kang Utama
Sun Rasa Tan Ana Salahe
Yo Kanca Yo Mitra
Bareng Bareng Ngelingana
Yo Laku Susila Tresna Ing Sasama

Sapa Kang Laku Jujur
Apa Maneh Lakune Bajik
Tur Ngerti Ing Susila
Ngerti Bener Lan Luput
Tepa Sarira Kang Nyata
Bisa Aweh Leganing Tyas Ing Sesami
Yekti Rubedanya Sirna

Mula Para Mitra Kadang Sami
Gya Tekuna Sinaukang Nyata
Estokna Ing Sateruse
Yo Kanca Yo Mitra!
Madep Mantep Aja Dleya
Ben Urip Utama Tan Ana Kang Mada

Aja Doyong Ngalor Ngidul
Ajek Jejeg Ing Tengah Nenggih
Eling Sabda Nabi Mulya
Kang Karan Tiong Yong Iku
Estokna Trusing Nala
Aywa Kongsi Lahir Batin Nora Sami
Yekti Tan Kena Den Percaya