logo

Madyaning Sampurna

  • Tjhoa I.H.


Lirik

Lir Wus Tanggap Kang Kinarseng Nabi
Dangan Ing Tyas Nuli Tuwuh Karsa
Marsudi Sagung Kawruhe
Kintaka Kadya Suluh
Ingkang Paring Santoseng Budi
Susila Wicaksana
Raket Sedya Tulus
Karya Hayuning Ngagesang
Tarlen Mawas Lan Mangun Diri Pribadi
Dimen Tentrem Tyasira

Linambaran Trapsila Myang Suci
Dangu Dangu Weh Mareming Driya
Mahanani Nir Pamrihe
Kinarya Marginidun
Ing Madyaning Sampurna Neki
Jagi Watak Aslinya
Gayuh Budi Luhur
Lan Anjunjung Kabecikan
Sayuk Rukun Tresnasih Sameng Dumadi
Lalabuh Kabeneran